Resensi Novel Lumbung Jati ing Gunung Kendheng
- RESENSI NOVEL
- Identitas Buku
·
Judul : Lumbung Jati ing Gunung Kendheng.
·
Penulis : Partini B.
·
Penerbit : Pustaka Utama Yogyakarta.
·
Cetakan : April 2017.
·
Tempat terbit : Yogyakarta.
·
Desain Cover : Haitamy El-Jaid.
·
Tebal Buku : 240 Halaman.
·
ISBN : 978-602-96796-5-6.
·
Kertas Buku : HVS.
2. . 2. Sinopsis
Novel Lumbung
Jati ing Gunung Kendheng menika
dados sarana pamulangan, ingkang isinipun babagan sambung srawung salebeting
bebrayan. Isinipun inggih menika wiyosipun ingkang nyariosaken kawontenan dalem
swarga Sampeyan ingkang sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono IX.
Sampeyan putra ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwno VI miyos
saking Prameswari. Sampeyan dalem ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono
VI jumeneng dalem Nata hamarengi.
Gumantine
tahun lumaku nut wirama alam. Desa mawa cara, negara mawa tata. Gremat-gremet
waton slamet. Alon-alon waton kelakon. Kraton Surakarta kagungan adicara. Malem selikuran menika kayata ndherep kirab, wonten ingkang mbeta
ting, piranti ingkang kedah jangkep yaiku lenga. Supados urupe padhang.
Salajengipun wonten gerdu ing pinggir dalan, milih papan ingkang strategis,
lan gerdu menika sami dipun sumet.
Kawruh
bab urip saged dipun pendhet saka isining kasusastran. Sastra menika tegesipun
tulis. Ngemot surasa katrangan. Wonten satunggaling sarjana bangsa
Benggala nyariosaken bab
Ramayana. Cariyosipun Satriya Ramayana ingkang tilar kedhatoning rama ngantos pinten
tahun laminipun
Unen-unen
ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busana. Nyariosaken bab
pangageman kajawen Surakarta tumrap kakung lan dhasaripun saking tata caranipun
ngagem ing kraton Surakarta. Ing
kalanganing kraton Surakarta wonten tembung Jawi Jangkep inggih menika iket
blangkon. Blangkon saking tembung blangkon. Wonten
ugi rasukan krowok, sabuk, epek dalah timang saha lerepipun. Wonten serat
dhawah Pasowanan, dipun sebataken Pengageman Jawi Jangkep Padintenan, menika
tegesipun rasukan boten pethak utawi cemeng, dados werni menapa kemawon.
- Keunggulan
·
Novel menika cocok kagem para mudha awit saged maos
kangge undhaking seserepan.
·
Basanipun ing novel menika saged dipun pahami
sekedhik-sekedhik.
- Kelemahan
·
Novel menika anggadahi isi ingkang kaping perangan
VIII lan jumlah halamanipun kandhel.
·
Critanipun kathah sanget lan radi panjang.

Komentar
Posting Komentar