GEGURITAN
Godhong
(Dening : Wike Windiyarti)
Godhong kang kena sumiliring angin
Ing wayah esok, awan, lan bengi
Warnane
ijo royo-royo
Katon
rembuyung
Nek
di delok tansah ngepenakke
Ing wayah sore
Godhong garing padha gogrog
Gogroge godhong iku
Dadi reregedan ing plataran ngarep omah
Wit gedhang lan wit
pelem padha ngawe-aweWoh-wohan iku padha gumandhul
Obah-obah sakarepe dhewe kaya manungsa
Wit e gedhe dhuwur kaya buto
Wernimu ijo tansah nyegerake
Kuat anggonmu ngadeg
Tetep jejeg nglawan panas lan
kencenging angin





Komentar
Posting Komentar